Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Kok Senengane Ngenyek

Kok isone to arek iku senengane ngenyek aku.
Opo to jane salahku..
Opo arek kuwi pengin tak adohi to jane.

Utowo pancene lek ngomong ra tau dipikir po yo'opo to jane kuwi.
Senengane kok gawe lorone ati ae...

Huuh...
Aku ora iso mbayangne lek bendino mesti di enyek-enyek karo arek iku.
Opo maneh lek urip sak omah yo malah wegah to aku...
La wong ora iso nentremne ati blas.

Yo embohlah karepe opo arek iku.
Sengojo ora sengojo jelase kan wis eroh lek ngomong ngono nyang wong liyo jelase gawe gelone ati to...

Yowislah...
Pancene senengane ngenyek...
Ojo dumeh aku wong ndeso ae banjur guneman ora penak...

Ojo sombong...
Wong ndeso durung mesti kalah karo wong kutho lo...
Back To Top