Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Nyang Gubuk Sawah

Endah tenan sawahe Bapak iki.
Ombo banget.
Mripat iso seger nyawang pari sing ijo-ijo iki.

Isuk iki aku nyang sawah ngrewangi Bapak nunggu buruh nyodok.
Aku ndok gubuk sing tak gawe dewe.

Wo alah gubukku ora onok sing ngramut babar blas.
Dadine yo rodok reyot sing sebelah kiwo.

Nduwe adik ip lanang ae kok yo males temen to yo yo.
Mosok ndandani gubuk ae kok dadak ngenteni cacake teko.

Huh...
Gubukku mulai rusak.
Bapak yo ora mungkin gelem ndandani.
Paling yo sak keneke ae.
La wong sampun sepuh yo mboten kiat tandang gawe abot.

Wah wah iki kudu diketokne pring maneh ing kebon.
Songgone sing kiwo kudu diganti ben gak ambruk.
Kan iso digawe leren buruh sawahe Bapak yen apik lan bakoh.
Back To Top