Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Ramalane Joyoboyo Sing Kapitu

-Murkane sabdo palon noyogenggong.
Maksute kerajaan hindu mlebune agomo Islam arep kedaden.

-Semut ireng anak-anak sapi.
Maksute Indonesia dijajah londo suwene 350 tahun, opo doyo semut ireng cilik di idek-idek karo anake sapi.

-Kebo bongkang nyabrang kali.
Maksute Londo mbalik muleh nyang negarane sak wise njajah.

-Kejajah sak umur jagung karo wong cebol kepalang.
Maksute Indonesia dijajah Jepang mek sediluk tok.

-Pitik tarung sak kandang.
Maksute jamane Bung Karno sering kedaden perang saudara.

-Kodok ijo ongkang-ongkang.
Maksute Soeharto sing gawe sragam ijo nunjuk kekuasaan.

-Tikus Pithi Hanoto Baris.
Maksute rakyat cilik podo rame-rame nyusun barisan kanggo gulingne kezaliman.
Back To Top