Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Golek Duit Nok Internet | Unek-Unek

Jane yo eman lek sabendino online tapi ora digunakne kanggo golek duit.
Sak jane yowis pernah aku gigih, getol, sekuat tenaga golek duit ing dunia maya iki.
Pase kiro-kiro tahun 2007 lan 2008.

Lek tak total kabehe duit kanggo modal golek duit online kiro-kiro yo meh limang jutaan, suwene rong tahun.
Wektu iku moncer-moncere ppc, pay per load lan liyane.
Dalam ugo luar negeri.

Terus kiro tahun iku ugo moncere ebooks, mlm lan liyane.
Babar blas aku rugi sak jutaan kiro-kiro.
Mergo rugi iku semangatku dadi kendo maneh.

Akire yo nganti saiki aku ngeblog tok ora melu sing jenis ngono kuwi.

Nanging...
Sinau soko kesalahan wingi-wingi aku kok maleh kepingin maneh melu.
Yo mergo golek duit offline soyo suwe fisikku ora kuat.

Insya Alloh aku arep miwiti maneh kerjo online.
Mugo-mugo ae kasil.
Yen oleh duit yo alhamdulillah kanggo kebutuhan sak bendinane.
Back To Top