Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Kacang Atom | Cerito

Iki onok cerito sing rodok lucu.
Ojo sampek ora diterusne lo yo moco cerito iki.

Cerito iki judule "KACANG ATOM"

Wektu kuwi isuk-isuk kiro-kiro jam setengah pituan, jenenge WAWAN mangkat nyang luar kutho mergo ono perlu sing ndadak.
Wawan akire milih numpak bis ae ketimbang numpak motor, ben ora pati kesel.

Wawan lungguhe ono ing ngarep dewe mburine sopir.
Wiwit mau bis kothong mlompong, mung ono wawan karo ibu sing mangku anake.
Ora kurang-kurang keneke bengak-bengok towo, nanging pancet ae sepi penumpang.

Yo akire, sidone bis mau mlaku alon-alon sambi golek momotan.
Nanging nganti rodo adoh, kok yo ora ono to, ora entuk tambahan uwong.

Bareng tekan prapatan ono sak rombongan arek sekolah lanang wadon nggawe seragam putih lan abu-abu lan putih biru gemrudug munggah kabeh, nganti ngebaki bis.
Malah ono sing ngadek barang.

Sopir lan kondekture mbatin, sak liyane nulung arek-arek sing arep budal sekolah, lak yo lumayan tinimbang bise kothong mlompong.
Masio yo mek dibayar separone soko tarif.

Lha...
Bareng bise wis mlaku, sawetoro adohe, papakan karo bis liyane soko lawan arah.

Sopire bis sijine maeng takon,
"Yo'opo Pak?? Rame??"
"Oalaah...Paak...Pak, kacang atom thok!!!"
jawabe sopir bis sing ditumpaki Wawan.

Hehehe...hahaha...wkwkwk...sopir bise wawan iku onok ae.
La wong arek sekolah sing nggawe sragam hem lan blus putih-putih kok istilahe "KACANG ATOM"
Back To Top