Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Syair Ngajak Golek Ilmu

Syair Ngajak Golek ilmu

صَلاَةُ اللهِ مَالاَحَتْ كَواَكِبْ
عَلَى احْمَدْ خَيْرِمَنْ رَكِبَ النَّجَاءِبْ
حَدَى حَادِى السُّرَى بِاسْمِ الحَبَاءِبْ
فَهَزَ الشُّكْرُ اَعْطَافَا الرَّكاَءِبْ

Poro sedulur islam jaler istri
Ayo podho golek ilmu kang wigati
Ilmu agomo kanggo sangu mati
Sowan maring ngarsani kang Moho Suci

Eling-eling kito kabeh kudu eling
Kanjeng Nabi sampun pesen sampun meling
Podho cekelono dadekno pepeling
Yen wong islam wajib ngaji ojo mbeling

Waong kang akeh amal bagus in dunyane
Mbesuk bakale suwargo balesane
Papan panggonan kang sarwo ngepenakne
Panganan kang enak-enak disuguhne

Soho widodari ingkang ayu-ayu
Podho mapak karo mesem ngguya-ngguyu
Podho nggandeng ngerangkul lan ngrayu-ngrayu
Marang poro bapak ibu kang mas mbak yu

Mature sampun dangu kulo ngentosi
Kerawuan panjenengan dateng mriki
Kasur lan bantal sampun kulo cawisi
Yen ngajak turu bareng kulo turuti

Mendah banget senenge banget ayeme
Bejane wong kang akeh amal baguse
Widodari kang ayu dadi bojone
Yen ngladeni sarwo penak lan nglegakne

Podho guyonan koyo penganten anyar
Isih sore uwis ngajak mlebu kamar
Lawang ditutup banjur mateni dimar
Turu bareng tumeko metune fajar

Cekap semanten atur saking kawulo
Menawi lepat kulo nyuwun ngapuro
Mugi gusti Alloh ingkang Moho Mulyo
Ngapuro dateng sedoyo doso kito


Tag : Pitutur
Back To Top