Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Carito Sithik Raden Samba

Raden Samba, satriya ing Paranggarudha, uga akekasih raden Wisnubrata. Baguse ora njamak, awit wong-wong padha alok baguse kaya Samba, nadyan wong bagus sepirang-pirang.





Kejaba misuwur bagus, ngandikane nggrecek, renyah, luwes, lan marak ati. Ana ing negara Dwarawati katengen dening Sang Prabu Kresna.

Nadyan Prabu Kresna kagungan patih kang tanggon yaiku Udawa, nanging saben pisowanan kang diajak rembugan prakara negara ya mung Raden Samba.

Tembunge mangkene :
“Sanadyan wong ing negara Dwarawati kene akeh sing sakepel gumbalane, sarta jembar dhadha bahune, nanging ora ana kang pantes sun ajak mbabati kang rungkut kajaba amung jeneng sira pribadi kulup”, mangkono pangandikane Sri Kresna marang Raden Samba.
Tag : Berita
Back To Top