Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

10 Contoh Parikan Patang Gatra - Parikan Rangkep

Karena parikan rangkep atau rangkap, maka kalimat pertama adalah yang basa-basi dan kalimat yang kedua merupakan isi dari parikan tersebut.

Parikan sering kita lihat di televisi, TVRI terutama TVRI Jawa Timur. Banyak di situ para penyiar sering parikan ketika akan ada jeda iklan berkumandang.

Berikut 10 contoh parikan Rangkep.

1. Esuk nyuling sore nyuling,
Sulinge arek Suroboyo.
Esuk eling sore eling,
Sing dielingi ora rumongso.
2. Yen kembang kembange kacang,
dudu kembange puspa nyidra.
Sih cilik dikudang-kudang,
bareng gedhe gawe rekasa.

3. Awan-awan aja keluyuran,
ana pak mantri numpak sekuter.
Kapan-kapan aku keturutan,
duwe kanca sinaune pinter.

4. Esuk nembang sore nembang,
tembange asmaradana.
Esuk ngadhang sore ngadhang,
sing diadhang ra teka-teka.

5. Omah gentheng saponono,
cagak pilar kapuren putih.
Abot entheng lakonono,
ati susah bakale pulih.

6. Kulon kali etan kali,
arep liwat ora ana wote.
Wetan gati kulon gati,
arep ditinggal padha abote.




7. Sawonggaling wayange kuno,
sing digawe kayune jati.
Yen eling sambangono,
ojo gawe larane ati.

8. Neng Jombang kampunge sengon,
lemah geneng akeh wedhine.
Nadyan ora sambang nek kirim ingon,
nek ora seneng apa mesthine.

9. Apa gunane meja lan kursi,
kuwi piangka palungguhane.
Apa gunane organisasi,
kuwi pinongko persatuane.

10. Nyapu yo nyapu,
sapu sodo semendhe cagak.
Mlaku yo mlaku,
nek ketemu konco ayo diajak.

Itulah sepuluh contoh parikan rangkep.
Tag : Kamus Jawa
Back To Top