Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Contoh Tembung Pepindhan Berawalan Huruf A-Z serta Keterangam

Apa itu pepindhan?
Pepindhan yaiku unen-unen sing ngemu surasa irib-iriban utawa memper.

Contone adalah abang kumpul abang disebut dengan kaya alas kobong.
Bantere kaya angin.

Berikut ini contoh-contoh pepindhan.

nggeger sapi

A.
1. Abang kumpul padha abang = kaya alas kobong.
2. Abange = kaya godhong kathirah.
3. Agunge = kaya samodra rob.
4. Akehe pepati = kaya babadan pancing.
5. Akehe pepati = kaya sulung lumebu geni.
6. Akehe lelara = kaya kena pagebluk.
7. Ali-aline = nggunung sapikul.
8. Aluse = kaya sutra.
9. Antenge = kaya temanten ditemokake.
10. Ayune = kaya Dewi Ratih.

B.
1. Baguse = kaya Bathara Kamajaya.
2. Bedane = kaya bumi karo langit.
3. Begjane = kaya nemu emas sakebon.
4. Bungahe = kaya ketiban nfaru.

C.
1. Cahyane bingar = kaya lintang johar.
2. Cethile = kaya cina craki.
3. Cep klakep = kaya orong-orong kepidhak.

D.
1. Dalane = nggeger sapi.
2. Dalane = mbathok mangkurep.
3. Dawane barisa = kaya sela brakithi.

G.
1. Gagah prakoso = kaya Raden Werkudara.
2. Galake = kaya macan manak.
3. Galake = kaya buta.

I.
1. Ijo kumpul padha ijo = kaya bethet sayuta.
2. Ireng kumpul padha ireng = kaya gagak reraton.

J.
1. Janggute = kaya pindha tawon gumantung.
2. Jogede = kaya merak kasimpir.
3. Jogede = kaya mucang kanginan.

K.
1. Kaget = kaya tinubruk ing wong lepat.
2. Kaku = kaya keno nggo pikulan.
3. Kepingine = kaya nyidham cempaluk.

L.
1. Lakune nusup-nusup = kaya pindha ayam alas.
2. Landhepe = kaya pitung pinyukur.
3. Lutuhe = kaya pindha Dewi Sembadra.

M.
1. Mider-mider = kaya undar.
2. Miling-miling = kaya jangkung.
3. Mlakune = ngodhok.

N.
1. Nangise ngrenginging = kaya rase.
2. Nangise = ngorong-ngorong.
3. Nyengite = kaya dhemit.

O.
1. Olehe kabegjan = kaya nemu emas saloka.
2. Omahe = awangun glathik mungup.
3. Omahe = awangun gedhang salirang.

P.
1. Padhange = kaya rina.
2. Padha pleg = kya pindha jambe sinigar.
3. Panase = kaya mecah-mecahne sirah.

R.
1. Raket = kaya sadulur sinara wedi.
2. Ramene = kaya lir prahara nempuh wukir.
3. Rukune = kaya mimi lan mintuna.

S.
1. Sambate = kaya nggrantang.
2. Sambate = ngaru ara.
3. Senenge = kaya bubuk oleh leng.

T.
1. Tandange = kaya banteng ketaton.
2. Tekade = kaya geni lan urupe.
3. Thingak-thinguk = kaya kethek ditulup.

U.
1. Ulese = ngembang asem (kucing).
2. Ulese = ngembang duren (jaran).
3. Utange = nyundhul empyak.

W.
1. Wangsulane = saur manuk.
2. Wirangane = nengangi brata.
3. Wrangkane = kaya gayaman.

Itulah contoh-contoh tembung pepindhan yang sudah umum diucapkan oleh orang Jawa di kehidupan sehari-harinya.
Tag : Kamus Jawa
Back To Top