Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

81 Contoh Tembung Homonim Basa Jawa Awalan Huruf A-Z

Apa yang dinamakan bledug?
Bledug artinya adalah anak gajah atau bisa jadi semacam debu yang bterbangan.

Berikut ini tembung homonim lengkap dari huruf A sampai Z.

Awalan Huru A.
1. Amblas = ilang, lunga.
2. adu = tarung, gathuk.
3. aji = donga, raja.
4. arep = gelem, bakal.
5. atur = (di) wenehake, tata.
6. apus = kendhaline jaran, goroh.
7. asah = ngumbah piring, nggosok nganti alus.
8. antep = swara gedhe, abot seru.
9. asta = (di) cekel, tangan.
10. angker = gampang nesu, ora kena diambah.

Awalan huruf B.
1. Badan = riyaya lebaran, awak.
2. babak = tumrap rita, mlecet kulite.
3. baya = arane kewan, mutawatiri.
4. bak = lungguhan ana ing kreta/mobil, wadah banyu.
5. bandha = barang dagangan, barang kesuguhan.
6. bale = amben, omah.
7. baut = piranti sekrup, wasis seru.
8. blanja = tuku barang-barang, jatah.
9. buk = orang kalah ora menang, urung-urung banyu.
10. bledug = anak gajah, lebu.

bledug dan induknya

Awalan Huruf C.
1. Catur= arane dolanan, kandha, gunem.
2. cacah = dirajang, wilangan.
3. celeng = jenenge kewan/babi alasan, wadhah dhuwit.
4. cucuk = cangkeme kewan, manuk, cocog.

Awalah Huruf D.
1. Dalem = aku, omah.
2. dangu = (d)takoni, suwe.
3. dadar = (di)teter, gorengan endog.
4.donya = barang kesugihan, jagad.
5. dhapur = pawon, rupa, praen.
6. duka = nesu, embuh.
7. dhateng = menyang, teka.
8. dhasar = (di)tata (dagangan), perangan ngisor.

Awalah Huruf G.
1. Ganep = ora ganjil, ora kurang.
2. guru = paugeran, wong sing wulang wurug.
3. gudhang = omah nyimpen barang-barang.
4. golek = kaya boneka, ngupaya.
5. gunggung = ngalem, jumlah.

Awalan Huruf J.
1. Jati = arane wit, nyata.
2. jaja = ngiderake dagangan, dhadha.
3. jangka = pangangkah, piranti sekolah.
4. jangkar = nyebut arane cilik, wesi gantungane prau.
5. jujul = dhuwit turahane mbayar, ora sedheng.
6. jumeneng = ngadeg, madeg ratu.

Awalah Huruf K.
1. Kanthil =arane kembang, gumantung ing.
2. kaca = raine buku, kaca.
3. kala = jiret, cilaka, wektu, nalika.
4. kalong = lawa gedhe, suda sethithik.
5. kajeng = karep, gelem, kayu.
6. kendhat = nglalu, pedhot.
7. kedalon = kewengen, kematengen.

Awalam Huruf L.
1. Layar = sandhangan aksara, kaine prau.
2. labuh = arep rendheng, kabecikan, jasa.
3. laras = (di)gagas, runtut, cocog.
4. langkung = luwih, liwat.

Awalan Huruf M.
1. Mangsa = pangan, wektu.
2. mari = waras, wis rampung.
3. mawa = geni areng, nganggo.
4. mara = coba ta, teka nyedhaki.
5. Mas = sebutane wong lanang, logam sing regane larang.
6. nuwun = njaluk, terima kasih.
7. nata = mgrakit, ratu.

Awalan Huruf P.
1. Pasang = banjir, (di)tata ing.
2. para = bakul mas inten, diperang-perang.
3. panjak = tukang laden pandhe, niyaga.
4. pas = banjur, ora turah, orang kurang.
5. panci = ditetepake bageane, kuali wesi.
6. pondhok = gubug ana ing alas, pesantren.
7. pijer = kupu cilik, tansah.

Awalah Huruf R.
1. Rewang = kanca kanthi, batur.
2. receh = seneng guneman, dhuwit pecahan.
3. resik = entek babar pisan, ora reged.
4. rukun = bali maneh, guyub.

Awalan Huruf S.
1. Saur = mangan bengi, wangsulan.
2. saka = nerangake asale, cagak.
3. sampun = aja, wis.
4. sepet = rasane sawo mentah, kulite krambil.

Awalan Huruf T.
1. Tawa = tawar,ngandhakake regane.
2. tedha = njaluk, pangan.
3. tuhu = temen, arane manuk.

Awalan Huruf W.
1. Wayah = putu, wektu.
2. waja = untu, wesi atos.

itulah tembung-tembung homonim bdalam basa Jawa Lengkap dari huruf A sampai Z.
Tag : Kamus Jawa
Back To Top