Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

16 Contoh Paribasan, Bebasan, Sanepan, Saloka Awalan Huruf A serta Arti - Basa Jawa

Apai itu paribasan?
Paribasan iku ukara/unen-unen sing tegese wntah dudu pepindhan.

Apa itu bebasan?
Bebasan iku tetembungan sing ngemu teges pepindhan.

Apa itu sanepan?
Sanepan iku unen-unen sing ngemu tegese kosok balen.

Apa itu saloka?
Saloka yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge.


Berikut ini contohnya.

1. adhang-adhang tetese embun.
mjagakake barang mung sak oleh-olehe.

2. adigang, adigung,adiguna.
ngendelake kakuwatane, kaluhurane, lan kapimterane.

3. ajo godhong garing.
wis ora ana ajine / asor banget.

4. ana catur mungkur.
ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik.

5. ana daulate ora ana begjane.
arep nemu kabegjan, ning ora sido.

6. ana gula ada semut.
panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.

7. anak polah bapa kepradah.
tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwa.

8. anggenthong umos.
wong kang ora bisa nyimpen wewadi.

9. angon mangsa.
golek wektu kang prayogo kanggo tumindak.

10. angon ulat ngumbar tangan.
ngulatake kaanan yen limpe banjur dicolong.

11. arep jamure emoh watange.
gelem kepanake ora gelem rekasane.

12. asu rebutan balung.
rebutan barang kang sepele.

13. asu belang kalung wang.
wong asor nanging sugih.

14. asu gedhe menang kerahe.
wong kang dhuwur pangkate, mesthi bae luwih gedhe panguwasane.

15. asu marane gepuk.
njarag marani bebaya.

16. ati bengkong oleh oncong.
wong duwe niyat ala oleh dalan.

itulah contohnya.
Semoga menambah pengetahuan basa jawa kita semuanya.
Tag : Kamus Jawa
Back To Top