Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

12 Contoh Paribasan Jawa Awalan Huruf T

 Paribasan, bebasan, sanepan, saloka semuanya mirip-mirip dan harus diartikan. Setelah kemarin dicontohkan paribasan awalan huruf R dan S, selanjutnya yang memakai awalan huruf T.

Sebagai contoh adalah bebasan "Tulung Menthung" yang memiliki arti bahwa katone dheweke nulungi, namung jebule malah ngrusuhi lan gawe susah wae.

Berikut ini paribasan awalan huruf T.

1. tebu tuwuh socane.

- prakara kang wis apik, bubrah merga ana sing ngrusuhi.

2. tega larane ora tega patine.

- senajan negakake rekasane, nanging isih menehi pitulungane.

3. tekek mati ing ulone.

- nemoni cilaka merga saka guneme dhewe.

4. tembang rawat-rawat, ujare mbok bakul sunambiwara.

- kabar kang durung mesthi salah lan benere.

5. timun jinara.

- prakara gampang banget.

6. timun mungsuh duren.

- wong cilik mungsuh panguwasa, mesthi kalahe.

7. timun wungkuk jaga imbuh.

- wong bodho kanggone mung yen kekurangan bae.

8. tinggal glanggang colong playu.

- ninggalake papan pasulayan.

9. tulung menthung.

- katone nulungi, jebule malah ngrusuhi.

\10. tumbak cucukan.

- wong sing seneng adu-adu.

11. tuna sathak bathi sanak.

- rugi bandha, nanging bathi pasaduluran.

12. tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati.

- prakara ala ngambra-ambra, prakara becik kari sathithik.

itulah paribasan jawa yang memiliki awalan huruf T.



Tag : Kamus Jawa
Back To Top