Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

11 Contoh Bebasan Basa Jawa Awalan Huruf S

 Pagi semuanya.

Lanjut lagi ya dengan paribasan awalan huruf S. Rupanya yang kemarin saya salah menulis judul, bukan huruf S tapi huruf R. Dan sudah dirubah ya.

Contoh yang awalan huruf S yaitu sabar sareh. Yang artine ojo kesusu dalam nindakne kabeh penggawean.

Berikut ini paribasan jawa awalanm huruf S.

1. sabar sareh mesti bakal pikoleh.

- tumindak samubarang ojo kesusu.

2. sabaya pati, sabaya mukti.

- kerukunan kang nganti tekan pati.

3. sadumuk bathuk, sanyari bumi.

- pasulayan nganti dilabuhi tekan pati.

4. sandhing kebo gupak.

- cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala.

5. satru mungging cangklakan.

- mungsuh wong kang isih sanak sadulur.

6. sandhakep awe-awe.

- wis ninggalake tumindhak ala, nanging batin isih kepingin nglakoni maneh.

7. sembur-sembur adus, siram-siram bayem.

- bisa kaleksanan marga oleh pandongane wong akeh.

8. sepi ing pamrih, rame ing gawe.

- nindhakake panggaweyan kanthi ora duwe kamelikan apa-apa.

9. sing sapa salah bakal seleh.

- sapa sing salah bakal konangan.

10. sluman slumun slamet.

- senajan kurang ngati-ati, nanging isih diparingi slamet.

11. sumur lumaku tinimba.

- gong lumaku tinabuh

- wong kang kumudu-kudu dijaluki  piwulang ditakoni.

itulah paribasan jawa awalan huruf s.


Tag : Kamus Jawa
Back To Top