Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Contoh lan Tuladha Tembang Dhandhanggula

 Dhandhanggula iku nggambarake kahanan uripe manungsa kang nyenengake, mapan, mulya, cukup sandhang, pangan lan papan.

Dhandhanggula isine kebak pengarep-arep utawa pangajap kang becik, kebak memanis amarga apa kang digadhang bisa kasembadan.

Akeh pitutur sajroning tembang iki kaya tembang kang rinipta dening Sunan Kalijaga.

Watake = luwes.

Sasmitane =

- sarkara.

- manis

- madu

dhandhang.


Berikut ini contoh tembang dhandhanggula:

Ana kidung rumeksa ing wengi (10i)

Teguh hayu luputa ing lara (10a)

Luputa bilahi kabeh (8e)

Jim setan datan purun (7u)

Paneluhan tan ana wani (9i)

Miwah panggawe ala (7a)

Gunaning wong luput (6u)

Geni atemahan tirta (8a)

Maling adoh tan ana ngarah ing mami (12i)

Guna duduk pan sirna (7a)


guru gatra = 10 gatra

Guru wilangan lan guru lagune = 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a.



Tag : Kamus Jawa
Back To Top