Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

14 Contoh Paribasan Jawa Awalan Huruf N

 Selamat pagi kawan-kawan ya.

Setelah kemarin kita publishkan tentang paribasan basa jawa yang berawalan huruf M, sekarang dilanjutkan ya dengan awalan huruf N.

Diantara contohnya adalah paribasan nguyahi segoro yang memiliki arti bahwa akan percuma saja memberi barang kepada orang yang kaya raya.

Berikut ini tuladha paribasan jawa awalan huruf N.

1. nabok nyilih tangan.

- tumindhak ala kanthi kongkonan wong liya.

2. ngagar melu kawul.

- ngojok-ngojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki ora mempan.

3. ngajari bebek nglangi.

-enggaweyan sing ora ana paedahe.

4. ngalasake negara.

- wong sing ora manut pranatane negara.

5. ngalem legining gula.

- ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter/sugih.

6. ngaturake kidang lumayu.

- ngaturake barang kang wis ora ana.

7. nglungguhi klasa gumelar.

- nindakake penggaweyan kang wis tumata.

8. ngontragake gunung.

- wong cilik asor bisa ngalahake wong luhur/gedhe, nganti gawe kagete wong akeh.

9. nguthik-uthik macan dhedhe.

- njarag wong kang wis lilih nepsune.

10. nguyahi segara.

- weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase.

11. nucuk ngibarake.

- wis disuguhi mangan mulih isih mbrekat.

12. nututi layangan pedhot.

- nggoleki barang sepele sing wis ilang.

13. nyangoni kawula minggat.

- ndandani barang kang tansah rusak.

14. nyolong pethek.

- tansah mleset saka pemetheke/pambatange.

itulah 14 contoh paribasan jawa awalan huruf N.



Tag : Kamus Jawa
Back To Top