Maskumambang nggambarake nalika manungsa isih ana ing alam ruh lan durung lair. Sabanjure ruh iku dititisake ana ing guwa garbane ibu.
Kumambang ateges kemampul, terapung-apung.
Nggambarake kahanane si jabang bayi nalika ana ing njero guwa garba. Dene watake tembang iki umume kaya wong kang lagi sambat kelara-lara, ketula-tula lan sengsara.
Guru gatrane = 4 gatra.
Guru wilangan lan guru lagune = 12i, 6a, 8i, 8a.
Tuladha tembung maskumambang yaiku:
Kelek-kelek biyung sira aneng ngendi (12i)
Enggal tulungan (6a)
Awakku kecemplung warih (8i)
Gulagapen wus meh pejah (8a).
Tag :
Kamus Jawa