Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

10 Contoh Paribasan Jawa Awalan Huruf M

 Paribasan jawa bisa disebut juga dengan bebasan, sanepan, saleko. Hanya ada perbedaan sedikit saja dengan arti dan maknanya.


Berikut ini paribasan jawa yang memiliki awalan huruf M.

1. maju tatu mundur ajur.

- prakara kang sarwa pakewuh.

2. matang tuna numbak luput.

- tansah luput kabeh panggayuhane.

3. mbuang tilas.

- ethok-ethok ora ngerti marang tumindake kang ala sing lagi dilakoni.

4. meneng widara uleran.

- katone anteng nanging sejatine ala atine.

5. menthung koja kena sembagine.

- rumangsane ngapusi, nanging sejatine malah kena apus.

6. merangi tatal.

- mentahi rembug kang wis mateng.

7. mikul dhuwur mendhem jero.

- bisa junjung derajate wong tuwa.

8. milih-milih tebu oleh boleng.

- kakehan milih, wekasan oleh kang ora becik.

9. mrojol selaning garu.

- wong kang luput saka bebaya.

10. mubra-mubru mblabar madu.

wong sing sarwa kecukupan.

 

 

Tag : Kamus Jawa
Back To Top