Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Contoh Lan Tuladha Tembang Gambuh

 Sejatine apa kuwi gambuh?

Gambuh tegese jumbuh, sarujuk, utawa sawiji. Yaiku gegambarane wong kang ngancik alam kulawarga.


Sawise kasmaran, asmaradana, si jabang bayi banjur tumekan remaja lan berkeluarga. Mula sawise jumbuh, sarujuk, utawa cocok banjur mbangun kulawarga adhedhasar rasa tresna.


Tembang iki watake rada seneng.

Sasmitane yaiku:

- gambuh.

- tambuh.

- anut.

- wimbuh.


Tembang gambuh iki pancen kebak ing pitutur. Pitutur kang nggiring manungsa supaya eling marang tumindak-tumindake.

Manungsa dielingake menawa kabeh tingkah polahe manungsa iku ana akibate.

Eling, adigang, adigung,adiguna, bakal nyilakake uripe manungsa sing duwe patrap kaya mangkono iku.


Guru gatrane = 5 gatra.

Guru wilangan lan guru lagune = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o.


Contoh tembang Sinom yaiku:

Sekar gambung ping catur (7u)

Kang cinatur polah kang kalantur (10u)

Tanpa tutur katula-tula katali (12i)

Kadalwarsa pitutur (8u)

Katutuh pan dadi awon (8o)



Tag : Kamus Jawa
Back To Top