Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Tuladha Lan Contoh Tembang Asmaradana

Setelah si jabang bayi tumbuh dari anak kecil hingga remaja muda, sekarang saatnya si jabang bayi mulai menginjak dewasa dan mengalami yang namanya asmara.


Tembang asmaradana pada umumnya kanggo wong sing lagi gandrung.

Yen dideleng wantah, asmaradana dijupuk saka tembung asmara kang tegese seneng utawa tresna, lan dahana kang tegese geni.


Mula saka kuwi, asmaradana isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresno. Rasa seneng utawa tresna tumrape manungsa.. 

 

Tembung asmaradana nduweni watak luwes lan manis.

Sasmitane :

- kasmaran.

- asmara.

- brangti.

- kingkin.

- dana.


Guru gatrane = 7 gatra.

Guru wilangan lan guru lagune = 8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a.


Tuladhane Tembang Asmaradana yaiku:

Duh garawaku banowati (8i)

Sirya kariya raharja (8a)

Ingsun anemahi layon (8o)

Mring becik pamomong ira (8a)

Mring para putra nira (7a)

Duh nyawa atmaja ingsun (8u)

Dadya kariya raharja (8a).



Tag : Kamus Jawa
Back To Top