Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Tuladha Lan Contoh Tembang Durma

 Durma iku nggambarake kahanane manungsa kang wis seneng, sarwa kacukupan utawa wis mapan. 

Sawise mapan aja lali padha nindakake darma.


Durma asale saka tembung darma. Sedekah utawa derma. Tetulung marang sapadhane.

Tembang iki ngelingake menawa manungs iku ora bisa urip dhewe, tansah mbutuhake liyan.


Mula manungsa kudu bisa urip rukun, tetulung sapadhane lan nandur kabecikan saakeh-akehe. Tembang iki nduweni watak seru lan seneng banget.

Sasmitane yaiku durma utawa mundur.


Guru gatrane = 7 gatra.

Guru wilangan lan guru lagune = 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i.


Tuladha Tembang DURMA yaiku:

Dipun sami ambanting sarira nira (12a)

Cegah dhahar lang guling (7i)

Dorapan suda (6a)

Nepsu kang ambra ambra (7a)

Lerema ing tyas sireki (8i)

Dadi sabarnang (5a)

Karsa nira lestari (7i).




Tag : Kamus Jawa
Back To Top