Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Contoh Lan Tuladha Tembang Pangkur

 Pangkur asale saka tembung mungkur.

Tegese, manungsa kudu bisa mungkurake kabeh hawa nepsune.

Uripe manungsa iku ora salawase, mula kudu tansah eling lan waspada.

Seneng darma lan ngedohi/ngungkuri angkara.

Tembang iki watake sereng.

Sasmitane pungkur, kur, kungkur.


Guru gatrane : 7 gatra.

Guru wilangane lan guru lagune : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.


Tuladhane tembang pangkur:

Jinejer ing wedhatama (8a)

Mirih tan kemba kembanganing pambudi (11i)

Mangka nadyan tuwa pikun (8u)

Yen tan mikani rasa (7a)

Yekti sepi sepa lir sepah asamun (12u)

Semasane pasamuwan (8a)

Gonyak-ganyuk nglelingsemi (8i).


itulah tuladha TEMBANG PANGKUR.




Tag : Kamus Jawa
Back To Top