Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Contoh Lan Tuladha Tembang Pucung - Ngelmu

 Tembang pucung iku nggambarake kahanane manungsa nalika tekan pungkasaning lakon.

Raga kang wis pisah karo nyawa mau diarani layon, jisim, utawa mayit.


Layon, jisim,mayit mau banjur dibungkus mori werna putih sing diarani pocong.

Tembang iki nduweni watak sasenenge.

Sasmitane : pucung, cung, kaluwak.

 

Guru gatrane : 4 gatra.

Guru wilangan lan guru lagune : 12u, 6a, 8i, 12a.


Tuladha tembang pucung yaiku:

Ngelmu iku kelakone kanthi laku (12u)

Lekase lawan kas (6a)

Tegese kas nyantosani (8i)

Setya budya pangekesing du angkara (12a).


itulah contoh tembang pucung.



Tag : Kamus Jawa
Back To Top