Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

3 Wewatake Lelakon Wayang

Wangune lan sunggingane wayang iso beda-beda "WANDANE" miturut kahanan lan lkon kang lagi dicritakake.

1. Wewatake wayang miturut wangune
  • Dhingkluk: sabar, sareh, wicaksono lan waspodo.
  • Lancap: kendel, brangasan, siyaga lan waspada.
  • Mrongos, mendelik: galak, brangasan, gampang nesu, ugal-ugalan.


2. Wewatake wayang miturut jinise
  • Satriya: alus, luhur, sabar, luruh, dhemen tetulung, siyaga, wicaksono.
  • Buta: kasar, gumedhe, brangasan, uga-ugalan, gampang nesu.
  • Kethek: pencilakan, usil, seneng ngrusuhi.

3, Wewatake wayang miturut Sunggingane.
  • Putih, kunning, ireng: tandhane becik, suci.
  • Abang: tandhane kendel, brangasan.
  • Biru: tandhane jireh.
Back To Top