Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

56 Sebutane Bocah dalam Basa Jawa serta Penjelasan

Bocah disebut juga dengan anak-anak. Yaitu manusia yang masih belum akil baligh. Di tanah jawa, tiap bocah memiliki sebutan berupa nama.

Dan yang lebih unik lagi, ada sebutan khusus di tiap keunikan bocah ini. Dan berikut ini sebutane bocah dalam basa jawa.

1. ontang-anting = anak siji lanang.

2. unting-unting = anak siji wadon.

3. uger-uger lawang = anak loro lanang kabeh

4. kembang sepasang = anak loro wadon kabeh.

5. cukit dulit = anak telu lanang kabeh.

6. gotong mayit = anak telu wadon kabeh.

7. saramba = anak papat lanang kabeh.

8. sarimpi = anak papat wadon kabeh.

9. pandhawa = anak lima lanang kabeh.

10. pancagati = anak lima wadon kabeh.

11. kendhana-kendhini = anak loro lanang wadon.

12. kedhini-kedhana = anak loro wadon lanang.

13. sendhang kapit pancuran = anak telu lanang wadon lanang.

14. pancuran kapi sendhang = anak telu wadon lanang wadon.

15. keblat papat = anak papat lanang wadon.

16. sepasar = anak lima lanang wadon.

17. padangan = anak lima wadon siji.

18. ipil-ipil (pipilan) = anak lima lanang siji.

19. pandhawa nyadhangi = anak enem wadon siji wuragil.

20. kembar = anak loro lair bareng.

21. kembar gantung = bocah kembar laire let sedina.

22. dhampit = anak loro lanang wadon laire bareng.

23. gilir kacang = anake akeh giliran lanang wadon.

24. lumpat kidang = anake akeh ora giliran lanang wadon.

25. gendhong = anak wadon akeh sing tengah anak lanang.

26. pathok = anak lanang akeh sing tengah wadon.

27. grandhel = anak lanang pirang-pirang, sing wuragil wadon, utawa anak wadon pirang-pirang sing wuragil lanang.

28. sumarak = anake akeh sing lanang luwih akeh.

29. anggana = anak akeh sing urip kari siji.

30. cemani = anak ireng mulus.

31. wungle, bule = anak putih mulus.

32. gondhang kasih = anak loro beda pakulitane, ono sing ireng ana sing putih.

33. pembarep = anak sing nomer siji.

34. panggulu = anak sing nomer loro.

35. pandhadha = anak sing nomer telu.

36. sumendhi = kakang wuragil.

37. wuragil, waruju = anak sing kari dhewe.

38. panenggak = anak kabehe lima, sing nomer loro.

39. panengah = anak kabehe lima sing nomer telu.

40. yatim = bocah lair wis ora menangi bapake.

41. lola (yatim piatu) = bocah sing ditinggal wong tuwane (bapak lan ibu).

42. lola bapa (biyung) = bocah sing wis ora duwe bapak (ibu).

43. konduran = bocah lair nanging ibune seda.

44. sumala = bocah sing cacad wiwit lair.

45. thok thing = bocah sing lair kanthi sirah cilik.

46. julung kembang = bocah lair nalika srengenge mlethek.

47. julung sungsang = bocah sing lair nalika bedug awan.

48. julung sarap / surup = bocah sing lair ngarepake surup.

49. julung coplok = bocah sing lair nalika surup.

50. margana = bocah sing lair nalika ibune lelungan.

51. wuyungan = bocah sing lair nalika perang.

52. wahana = bocah sing lair nalika ibune ana pasamuan.

53. jempina = bocah sing lair durung wayahe.

54. tiba sampir = bocah sing lair kalung usus.

55. tiba ungker = bocah lair ususe nggubed gulu.

56. wungkul = bocang sing lair tanpa ari-ari.

itulah sebutane bocah lan bayi ing basa jawa.




Tag : Kamus Jawa
Back To Top