Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula

Serat Tripama uga diarani sastra kraton, amarga kang ngripta serat iki minangka raja ing kraton Mangkunegara Surakarta.

Serat Tripama udakara katulis tahun 1860-an kanthi ancas supaya didadekake patuladhan kanggo kabeh prajurit lan uga kanggo para pamong praja negara supaya anggone nindakake jejibahan lan jumbuh karo pegaweane dhewe-dhewe.


Limantar telu paraga wayang sajrone Serat Tripama Yaiku:

1 Patih Suwanda.

2. Kumbakarna.

3. Adipati Karna.

Ngemor piwulang luhur ngenani "Bela Negara".


Gegambaran Ringkese "Serat Tripama" kaya ing ngisor iki:

Bambang Sumantri sawise dadi patih, diarani "Patih Suwanda". Yaiku patih ing pamarentahane Prabu Arjuna Sasrabau saka negara Maespati ing jaman sadurunge Sri Rama.

Patih Suwanda kawentar minangka sorengpati, yaiku prajurit gagah pideksa kang bisa ngleksanakake kabeh dhawuh saka Prabu Arjuna Sasrabau kanthi tanggungjawab lan wusanane gugur ing palagan nglawan Dasamuka.


Beda critane karo Kumbakarna.

Kumbakarna iku adhine Prabu Dasamuka, Raja Nglengkadiraja. Sanajan awujud diyu, Kumbakarna ora gelem mbenerake panindake kakange kang angkara murka kanthi dhusta Dewi Sinta.

Ewa mankono nalika kerajaan Ngalengkadiraja digempur dening musuh yaiku Sri Rama lan prajurite, Kumbakarna netepi darmaninmg satriya kanthi ngurbanake jiwa ragane kanggo belani negarane.


Wusanane, Kumbakarna gugur bela negarane, ora amarga bela kakane.


Tag : Kamus Jawa
Back To Top