Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

-------

Sangu Leladi

Pikir iku pepadhanging ati.
Mulane yen nindakake opo-opo, pomo ojo nganti lali migunakake pikiran, wiwit barang kang remeh-remeh, nganti tekan kang wigati pisan.
Ora elinge mau ngadat jalaran soko gumampang, kasusu, utowo sebab kalah karo roso sentimen kang gawe petenging ati.

Soko kuranging waspodo lan ngati-ati kang dituju utowo dikarsakake ora kecandhak. Mongko yen ati dikantheni pikiran, keno diudi supoyo pegaweyan, kang ditindhakake soyo suwe soyo mundhak sampurnane.

Tanpo pepadhang mau asiling gawe tansah ajeg bae. Malah, yen pinuju ngliwati pepeteng, luwih-luwih yen banjur keburu napsu, lan kaloncatan pikiran, biso ndrawasi utowo mbebayani.
Pikir perlu kanggo pepadhang, dijogo ojo nganti gothang.
Tag : Ngomong
0 Komentar untuk "Sangu Leladi"

"Silakan berkomentar dengan santun dan bijak. Diskusi yang sehat dimulai dari hati yang lapang. Mohon jangan menyertakan link aktif di kolom komentar untuk menjaga kenyamanan bersama."

Back To Top