Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Dikandani kok Ngeyel ae | Aspal Jalan

Yo yo lek diakndani karo wong cilik kok mesti aku sing salah ae, opo mergo aku ora nyambut gawe, pengangguran opo gimana. Coba ae lek sing ngandai pak Presiden palingo yo langsung mantu-mantuk, iyo iyo einggih inggih, dilaksanakan.

Kasus.
Dalanan musime udan iki akeh sing jebol, rusak mergoo keno banyu udan sing mandek ora iso mili. Kudune kan banyu udan kuwi kudu dan ahrus mili ben aspale dalanan iku awet negatun tahunan. Ojo mung ditambal-tambal tok ae. Opo maneh nambale kuwi mbedunduk, mlentung garai sing ngliwati dalan gronjalan ono ing sadele dewe-dewe ora peduli motor utowo mobil.

Kudune.
Wis tak bukak omongan nyang nggone kontraktor, ketepakan yo customerku dewe ono ing liyo wektu. Ojo gawe dalan lek pingire akeh sukete. Kudune suket kuwi maeng dikeprasi kabeh utowo lek gak ngono yo digawekno alirane banyu ben mili ora mandek ono ing tengahe dalan.

La kok dadak tenan to, durung ono 3 wulan kok dalan maeng wis rusak kabeh, jebol, akeh watu kaline sing mencunul ono ing tengah embong.
La terus sing ngliwati dalan kuwi maeng yo onok ae sing ambruk, lugur boso Surboyone, jeblok boso Jowone, jatuh dari sepeda motor bahasa Indonesiane, motor boso Suroboyone Speda motor.

Yups mergo sing diarani motor ing Suroboyo kuwi artine mobil duduk sepeda motor. Lek aku ngomong motor diguyu, la karepe iku yo opo to jane.
Tag : Ngomong
Back To Top