Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Itungane Slametane wong mati

Walah yo iki jenenge ngeyel maneh.
Dikandani karo sing enom, lek slametane wong mati kuwi dianakne mapak karo tibone. Maksute, yen mati tanggal 3 februari yo kudune slametane dianakne sak durunge tanggal 3. Lek tanggal 2 februari malem yo ora oleh to, kan kuwi jenenge mlebu tanggal 3.

Kok iso koyok ngono to wong luweh tuwo soko aku lek tak kandani. Tak omongi kok malah ngamuk. Jarene dhewe'e sing nggolekne wong pinter.
Halah masio pinter tapi ora weroh ilmune terus arep dadi opo, yo malah salah kabeh. Isin to disawang tonggo.
Tag : Pitutur
Back To Top