Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

12 Paribasan Jawa Awalan Huruf G serta Artinya

Ana gagak tapi lare merak. Wis ngerti kan gagak kuwi lare ireng elek ketimbang lare merak. Ternyata kuwi ana artine dewe sing patut diperhatekne.

Ing ngisor iki paribasan awalan huruf G.

1. gagak nganggo lare merak.
artine wong asor tumindak kaya wong luhur (gede).

2. gajah alingan suket teki (amping-amping).
artinya lair lan batine ora padha, mesti bakal ketara.

3. (ng) gajah elar
arti sarwo gedhe lan dhuwur kekarepane.

4. gajah ngidak rapah (godhong garing).
arti nrajang wewalerane dewe.

5. gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah.
arti wong gedhe kang pada pasulayan, wong cilik sing dadi korban.

6. garang garing (katon gagah).
arti wong semugih nanging sejatine kekurangan.

7. gawe luwangan nggo ngurungi luwangan.
arti goleh utangan kanggo nyaur utang sing disik.

8. gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput (rugi).
arti samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan.

9. gliyak-gliyk tumindak, sareh pakoleh.
artine senajan alon-alon anggone tumindak, nanging bisa kaleksanan kekarepane.

10. golek banyu bening.
artine meguru golek kawruh sing becik.

11. golek-golek ketemu wong luru-luru.
artinya karepe arep golek utangan malah diutangi (dijaluk utang).

12. gupak pulute ora mangan nangkane.
artinya melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake.

itulaha paribasan awalan huruf G.

Tag : Kamus Jawa
Back To Top