Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

10 Contoh Paribasan Basa Jawa Awalan Huruf J serta Artinya

Setelah kemarin hari ada contoh bebasa, paribasan yang memiliki awalan huruf I, sekarang saatnya dilanjutkan dengan awalan huruf J yang jumlahnya ada sepuluh.

Contoh yang awalan huruf J adalah jer basuki mawa bea.
Artinya adalah wragat.
Samubarang gegayuhjan mbutuhake wragat.

Berikut ini peribahasa jawa awalan huruf J.

1. (n)jagakake endhoge si blorok.
Artinya njagakake barang kang durung mesti ana lan orane.

2. (n)jajah desa milang kori - (ngetung).
Arti lelungan menyang endi-endi.

3. jalma angkara mati murka - manungsa.
nemoni cilaka jalaran angkara murkane.

4. (n)jalukan ora wewehan.
arti seneng njaluk ora gelem menehi.

5. jati ketlusupan ruyung - (wit kolang-kaling).
artine kumpulane wong becik klebon wong ala.

6. jaran kerubuhan empyak.
artine wong sing wis kanji (kapok) banget.

7. jarit lawas ing sampiran - (suwe).
artinya duwe kapinteran nanging ora digunakake.

8. jer basuki mawa bea - (wragat).
artine samubarang gegayuhan mbutuhake wragat.

9. (n)jujul muwul - (nyusuki).
artinya prakara kang nambah-nambahi rekasa.

10. (n)junjung ngentebake - (ngebrukake).
artinya ngalembana nanging duwe niyat ngasorake.

itulah contoh-contoh paribasan awalan huruf J.


Tag : Kamus Jawa
Back To Top