Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

14 Jinising Wayang utawa Pewayangan Lengkap

Wayang atau pewayangan memiliki banyak jenis. Dan yang sering kita dengar adalah wayang golek, pernah mendengar semua kan yang namanya wayang golek ini.

Wayang golek iki saka kayu kawangun golek. Wayang iki critane tentang Mahabharata dan Ramayana yang terkenal itu.

Berikut ini jenis dan macam wayang di tanah Indonesia.

1. Wayang Beber.

Wayang wujud gambar jejeran, saka kertas kandel/mori sing wis digambari. Critane Raden Panji Inu Kertapati lan Dewi Sekartaji.

2. Wayang Gedhog/wasana.

Wayang sing kagawe saka lulang. Critane Raden Inu Kertapati.

3. Wayang Golek.

Wayang saka kayu kawangun golek.

Critane Mahabarata lan Ramayana.

4. Wayang Jemblung.

Wayang saka kayu kawangun wong. Sumebar ing daerah pesisir lor pulo jawa, Blora, Cepu. Critane bab Babad (kaya kethoprak).

5. Wayang kancil/dupara.

Wayang kang kagawe saka lulang.

Crita kancil.

6. Wayang klithik.

wayang sing kagawe saka kayu gepeng.

7. Wayang Krucil.

Wayang saka lulang cilik-cilik, tangane wudhar siji, sijine malangkerik.

critane bab babad.

8. Wayang madya.

Wayang saka lulang, nalika jaman Demak.

Critane Mahabharata.

9. Wayang Menak.

Wayang saka kayu kawangun wong.

Critane Wong Agung Jayengrana, umarmaya, lan umarmadi (dakwah agama Islam).

10. Wayang Potehi.

Wayang wujud boneka,cilik-cilik.

Critane jaman kraton Tar Tar / Babad Cina.

11. Wayang Purwa.

Wayang sing kagawe saka kulit (lulang).

Critane Mahabarata lan Ramayana.

12. Wayang Suluh / Pancasila.

Wayang saka lulang kawangun wong.

Critane panguripane wong.

13. Wayang Wahyu.

Wayang saka lulang kawangun wong.

Critane bab penerangan agama (Katolik).

14. Wayang wong..

Wayang sing ditindakake dening wong.

Critane Mahabarata lan Ramayana.




Tag : Kamus Jawa
Back To Top