Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Asal Mulane Aksara Jawa - Asal Usul Huruf Jawa

 Prabu Ajisaka iku duwe abdi loro, Sembada lan Dora.

Nuju ing sawijining dina, Prabu Ajisaka lelana diderekake Sembada.

Dora didhawuhi Prabu Ajisaka nunggu keris ana ing omah.


Prabu Ajisaka saderenge tindhak iku meling marang Sembada lan Dora.

Welinge, 

"Dora, keris iki ora pareng diwenehake sapa wae, kejaba aku (Prabu Ajisaka)".


Kira-kira ana limang tahun anggone lelana, Prabu Ajisaka ngutus marang Sembada njupuk keris.

Lan wusanane Sembada lan Dora regejegan, pada suduk sinuduk siji-sijine nganti mati bareng.


Ing kana,

Prabu Ajisaka ora sabar ngenteni kerise. Banjur nusul kundhur abdine.

Prabu Ajisaka banjur kaget banget weruh abdi loro-lorone tumekaning pati.


Prabu Ajisaka banjur kelingan marang dhawuhe dewe, yaiku marang abdi loro-lorone, Dora lan Sembada. Kelingan yen ora orang pareng keris diwenehake sapa-sapa saliyane Prabu Ajisaka dewe.


Trenyuh,

Ing kana banjur Prabu Ajisaka nyerat.

Isine serat

" Ha Na Ca Ra Ka

Da Ta Sa Wa La

Pa Dha Ja Ya Nya

Ma Ga Ba Tha Nga "


Mangkono iku timbule aksara Jawa.



Tag : Kamus Jawa
Back To Top