Isuk wayahe budal kerja, alarm muni jam lima kaya biasane. Aku melek setengah nyawa, nggolek hape, banjur nyeduh kopi sachet sing wis dadi "bensin" saben dina. Yen ora ngopi, rasane awake kaya durung diuripake.
| Hawa isuk isih adem, nanging dalan wis padhet — pedagang sayur, bocah sekolah, lan para pekerja padha semangat ngoyak rejeki. Semangat kerjane, kanca! (Ilustrasi) |
Macet Sing Nyatane Ngangenke
Jam setengah enem, aku wis numpak motor. Hawa isuk isih adem, nanging dalan wis padhet. Ana bapak-bapak nggawa sayuran, ana mbak-mbak buruh pabrik, ana bocah sekolah sing turu-turu numpak motor bapake. Kabeh duwe tujuan, kabeh ngoyak rejeki.
Jujur wae, aku asring ngeluh macet. Nanging sawijining dina aku lara lan kudu leren ing omah, jebul aku malah kangen karo swara klakson, karo hawa isuk, karo wong-wong sing padha semangat budal kerja. Jebul macet iku tandane urip lagi mlaku.
Ngopi Dhisik, Syukur Bareng
Tekan kantor, aku tansah nyempatake ngucap alhamdulillah. Ora kabeh wong diwenehi kesempatan budal kerja isuk iki. Ana kanca sing saiki wis ora kerja maneh, ana tangga teparo sing lara lan mung bisa nggleletak ing amben.
Mula, senajan mripat isih ngantuk lan gajian isih akhir wulan, aku sinau siji bab: syukuri isuk iki, syukuri kerja iki, syukuri urip iki.
Wis ah, kopine wis entek. Wayahe fokus kerja. Semangat kerjane, kanca! 💪
Tag :
Ngomong