Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Nggoleki Blog Lawas

Sedinoan nggoleki blogku sing lawas-lawas nanging durung ketemu kabeh.
Aku akeh sing lali alamate blog.
Saking akehe.

Blog sing tak goleki blog taon 2007, 2008 karo 2009.
Alhamdulillah sing taon 2009 ketemu kabehe papat.
Yo syukur, ketepakan ae pas papat iku aku nganggo sak akun utowo sak profile.

Sing aneh iku blog PTC.
Kok tibane yo lumayan akeh sing ngunjungi, padahal sing nduwe blog wis minggat ora karuan parane.

Sing nduwe blog wis gawe blog maneh mulai 2010 wingi dilekasi karo Seputar Dunia Ponsel dan HP, gawene wulan januari.
Terus gawe maneh Uswah Islam wulan februari, lan hikmah Teladan wulan April 2010.

Telung blog iku sing dadi pondasi utamane nganti saiki.
Koyoke aku mulai taun 2011, kabeh blogku bakal nempel nok telung blog iku.
Nggone Daftar Blog Saya.

Ben gak dowo-dowo...tak lanjutne sakwise postingan iki tak publish.
Sek yo..
Tag : Blogku
Back To Top