Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Tugelane Boto

Boto sing onok
ngarep omahku iki kok aneh lapo yo.
Ora onok barat ora onok angin kok moro-moro sak klebatan metu cahyone.

Sopo sing nunggu wit keres ngarep omah iki.
Opo sing nunggu ngamuk iki palingo.

Yo salahe dewe wis dikongkon ngaleh digolekne panggonan liyo kok yo sek rewel ae.

Kuwi yo berarti yo salahmu dewe.
Aku lak wis menehi alternatif panggonan sak durunge wite tak tebasi ben padang.

Ojok pisan-pisan maneh gawe tibo wong sing numpak sepeda ngarep omah yo.
Ojok medeni barang.
Lak wis tak tawari to sak durunge...

Kae onok wit mojo cedak kuburan.
Mek wong siji ae sing manggoni.
Wonge yo wis tak tembung jarene yo oleh.
Tapi pean ae sing ngeyel.

Halah...lapo ngomongne iki.
Ra gelem pindah panggon yo wis to.
Back To Top