Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Wong-wong Sing Ngerti Aku

Wong-wong sing ngerti aku.
Ing ngisor iki wong-wong sing ngerti watak lan kelakuanku.

Wong-wong iki satus persen percoyo karo omonganku, kelakuanku, lan sak tindak tandukku mesti percoyo.

Aku njogo ket biyen kepercayaane wong-wong iki mulai aku sek cilik.

Wong-wong iku yoiku:
-Ibuk kandungku.
Sak niki sampun sumare wonten kuburan.
Buk...aku menyayangimu selalu masio sampeyan sampun tilar.

Aku bakal ndongo sak bendino kanggo jenengan.
Aku mesti nyang kuburmu nyambangi.
Aku pengin krungu suaramu buk...
Netes iki elohku buk..

-Adik Kandungku.
Nduk matur nuwun sampeyan wis gelem ndukung aku sak bendinane.
Aku menyayangimu nduk.

Ora onok adik sing becik koyok sampeyan.
Sampeyan pancene apik nduk.
Wong wadon sing taat lan pantes dadi panutane arek enom.

Sak liyane kuwi ora onok maneh uwong sing ngerti karo aku.
Tapi saiki iki sek onok uwong sing gelem nyobo ngerti watakku...
Tapi emboh yo ..
Iso po gak arek iku...

Pancene sak durunge onok wong liyo sing iso ngerti.
Sak bendino tak jak nyang omah nek ndeso kono.
Meh podo lek ngerteni karo ibuk lan adik.

Mungkin yo mergo sak bendinane dino minggu kumpul keluargane ibuk.
La wong kaet smp sampe anu...
Yo jelas ae ngerti.

Tapi banjur bubrah kabeh...
Sediiih...
Nelongsone to aku Ya Alloh...
Back To Top