Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

6 Urut-Urutane Pidhato (Sesorah) ing Basa Jawa

Apa itu pidhato?
Pidhato yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh.

Pidhato uga diarane medharsabda.
Medhar tegese ngandharake, dan sabda tegese omongan.


Ini urut-urutane pidhato.

1. Salam pambuka.

Isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane.

2. Purwaka.

Isine pangucap syukur lan panuwun marang Gusti Kang Maha Agung.

3. Isi/wigatining pidhato/surasane.

Medharake apa wae kang dadi wigatining pidhato.

4. Pangarep-arep.

Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kamg dadi gegayuhane bisa kalesanan apadene pitutur.

Contoh di pidato perpisahan /kelulusan:
Sing lulus sekolah bisa nerusake ing pamulangan sing luwih dhuwur. Sing ditinggal bisa mbangun miturut marang Bapak lan Ibu guru.

5. Panutup.

Isine nyuwun pangapura marang para rawuh mbok menawa anggone pidhato ana kaluputan ing bab basa lan tindak-tanduk.

6. Salam panutup.

Ngaturake salam marang para rawuh.

Itulah urut-urutane pidato dalam basa Jawa, yang ternyata sama saja dengan Bahasa Indonesia. Saya mohon maaf jika ada yang tidak mengerti Basa Jawa.
Tag : Kamus Jawa
Back To Top