Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Jubah Kawibawan

Ora nyongko.
Ora nyono.
Kaget.
Wedi.
Kabeh campur aduk ing ati iki.

Maeng sore Bapak nurunne jubah kawibawan nyang aku.
Yo'opo iki enake yo.

Jubah kawibawan iki bentuk jas wero iring mulus.
Jubah iki wis dadi warisan leluhur sing turun temurun.
Emboh lapo kok ditibakne nyang aku.

Aku anak turun sing ke songo iku dadi bingung la wong saiki jamane ora jubah-jubahan koyok ngono kuwi.

Sak wise oleh pitutur soko mas-masku lan adikku, akire tak trimo ae jubah kawibawan warisan iki.
Mugo-mugo aku iso njogo lan nurunne maneh jubah kawibawan iki nyang anak turunku, utowo salah sijine anak turune eyang leluhur.
Back To Top