Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Bolo Kurowo Teko

Bolo kurowo teko.
Bolo kurowo tekan ndeso teko.
Alhamdulillah bolo kurowo tekan ndeso teko.

Boloku kuwi jenenge, wawan, budi, didik karo marwan.
Aku kaget bianget lek tekan omah sore-sore iki maeng.

Tak takoni jarene oleh kabar lek aku loro maneh soko adikku.
Pancene awan maeng aku sempat sms adikku.
La soko kabar iku bolo-bolo tekan omah.

Yo atiku bungah banget to...
La wong aku ora onok sing ngancani nek omah.
Guyonan karo komputeran gak kroso wis jam wolu.

Bolo-bolo njaluk pamit.
Ora nginep mergo sesok kabeh kerjo.

Suwun rawuhe yo bolo-bolo...
Setiane bolo-bolo kok isek pancet ae to yo yo...
Koyok-koyok adohe jarak ora bakalan misahne awake dewe.

Suwun yo.
Mugo Alloh nompo kebaikane bolo-bolo kabeh.
Back To Top