Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Polisi Kok Mesti Menang

Polisi kok mesti menang ae.

Isuk maeng budal kerjo onok arak-arakan polisi sing ngawal uwong sing njemput jamaah haji.
Ketokane kok langsung nyang asrama haji sukolilo.

Polisine nggawe mobil dines sing jumlahe ono loro.
Siji nok ngarep lan sijine nok mburi.

La heranku iku kok yo pas dalane rame yoiku pas wayahe uwong podo budal nyambut gawe.
Yo akire uwong-uwong sing nganggo mobil, sepeda motor, bis kota lan liyo-liyane yo podo minggir to.

Polisine menang.
Wong cilik kalah.
Mesti kalah ra tau menang blas.
Back To Top