Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Arti Sifat Bumi - Astha Brata - Wahyu Makutha Rama

Kesatria gagah perkasa tiada tanding, Raden Arjuna telah menerima wahyu Makutha Rama yang isinya adalah ajaran "Hastha Brata".

Yaitu sebuah wahyu kepabron atau kepemimpinan.

Seorang pemimpin harus memiliki sifat "Bumi".


Artinya apa?
Sifat Bumi yaiku nduweni sifat sabar kang tanpa upama, senajan dipacul, digaru, lan diluku, nanging malah ndadekake kesuburan kang bisa nuwuhake sawernane tetanduran kang bisa diunduh.

Uga bisa menehi sakabehing kang dikandut ing sajroning bumi tanpa bisa entek marang sapa wae ora pilih kasih babar blas.

Menehi panguripan marang sakabehing makhluk, jalma manungsa, kewan lan thetukulan.
Nanging kudu eling...

Sakabehing sifat, watak daya lan kekuatan alam iku, ya mung amarga saka panguasane GUSTI ALLAH SWT.
Lan sakabehing mau ciptaane Allah SWT.
Back To Top