Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

38 Jenenge Panggonan Awalan Huruf P serta Penjelasan

Lanjut lagi ya kawan-kawan. Semoga postingan ini ada manfaatnya buat para pembaca. Namun jika tidak ada manfaatnya, please berkomentar yang sopan sesuai dengan akidah bangsa Indonesia yang berbudi luhur dan dikagumi oleh bangsa lain.

Kerukunan umat, kerukunan antar sesama harus dijadikan yang terdepan. Apapun sukumu, agamamu, statusmu, semuanya adalah satu, Bangsa Indonesia.

Berikut ini penggonan yang memiliki awalan huruf P.

1. pacrabakan.

- panggonan sang wiku, papan pamulangan.

2. padaringan.

- wadhah kanggo nyimpen beras.

3. padasan.

- panggonan kanggo wudhu.

4. padhepokan.

- papan pamulangan, patapan, omahe pandhita.

5. paestren.

- sawah ing sapinggire kali.

6. paga.

- kanggo nyimpen bekakas pawon.

7. pagagan.

- lemah sing ditanduri pari gaga.

8. pagajih.

- lemah sing dumadi saka walede kali.

9. pagupon.

- omahe dara.

10. paidon.

- wadhah idu.

11. pakunjaran.

- panggonan kanggo ngunjara/ngukum wong luput.

12. pamulangan.

- papan kanggo mulang wuruk/sekolahan.

13. panepen.

- papan kanggo semedi, nepi, tapa lan sapiturute.

14. pantisari.

- omah cilik ing satengahing patamanan.

15. papon.

- wadhah apu/enjet.

16. pasanggrahan.

- papan panginepan ing sajabaning kutha.

17. pasar.

- papan kanggo dodolan utawa tetuku barang.

18. pasetran.

- papan kanggo mbuwang bangke.

19. patamanan.

- lemah sing ditanduri kekembangan.

20. patapan.

- omahe pandhita, papan kanggo wong tapa.

21. pawon. 

perangan omah sing kanggo olah-olah.

22. payudan.

- panggonan jembar kanggo adu perang.

23. pekarangan.

- papan sakiwa tengene utawa mburine omah.

24. pelabuhan.

- papan kanggo madhege (labuh) prau/kapal.

25. pelataran.

- lemah sangarepe omah.

26. pendhapa.

- perangan omah ngarep kanggo pasamuwan.

27. pesantren.

- papan kanggo mulang wuruk para santri.

28. pesisir.

- pinggire segara.

29. petarangan.

- panggonan kanggo ngendhoge pitik.

30. pinihan.

- lemah kanggo ndhedher winih tanduran.

31. plangkan.

- papan kanggo ndeleh tumbak, payung.

32. plegungan.

- papan kanggo lerene sapi sing eyup.

33. ploncon.

- papan kanggo tumbak, teken lan sapiturute.

34. pluwang.

- luwang kanggo masangi kewan alas.

35. pomahan.

- pekarangan sing didegi omah.

36. pondhok.

- omah kanggo mondhok, ngaji para santri.

37. pragen.

- wadhah uyah utawa bumbu.

38. pranji.

- kandhang pitik.


Tetap pakai masker ya pak boz dan bu boz.

jaga jarak aman.

Rejin dan sering cuci tangan dengan sabun di air mengalir ya.



Tag : Kamus Jawa
Back To Top