Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

Contoh Tembang Mijil

Cakepan ing ngandhap meniko ngandharake menawa kepingin pinter lan mukti, kudu tansah andhap asor. Lire ngurmati marang liyan, ojo sebalike.

Elingo, wong wani ngalah meniko luhur banget, dhuwur wekasane. Lire ngalah tegerse ora kudu kalah. Masah kosok baline, wong kang gelem ngalah iku luhur wekasane.





Coba gatekno cakepan tembang mijil ing ngisor iki.

Dedalane guna lawan sakti
Kudu Andhap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumungkala yen dipun dukani
Bapang den simpangi
Ana catur mungkur






Gatekno.
Tegese yen dituturi kudu dirungokne, ora perlu mbantah, banjur disaring. Pitutur sing becik dienggo, sing ora becik dibuang tanpa kudu mbantah sing nuturi.
Tag : Kamus Jawa
Back To Top