Ayo nglestarekno Budoyo Jowo ben ora ilang Soko Bumi Nusantoro

10 Jenis Tembung atau Kata Dalam Bahasa Jawa

Tembung disebut juga dengan kata. Sedangkan ukara disebut juga dengan kalimat. Tembung sing digandeng karo tembung liyane diarani karo kalimat.

Berikut ini ada 10 macam dan jenis tembung.

1. Tembung Aran (kata benda).

Yaiku tembung sing nerangake sak kabehe jenenge barang utawa dianggep barang.

Dibagi loro, yaiku tembung sing kasat mata lan ora kasat mata.

2. Tembung kriya (kata kerja).

Tembung sing nerangake penggawean.

Contoh: nulis, turu, tuku.'

3. Tembung kahanan (kata sifat).

Nerangake watak, sifat. Contoh: ayu, ganteng, sugih.

4. Tembung katrangan (kata keterangan).

Tembung sing nerangake tembung aran, tembung kriya lan tembung kahanan.

Conto: saiki, sesuk.

5. Tembung wilangan (kata bilangan).

Tembung sing nerangake cacahe utawa jumlahe barang. Conto : siji, loro.




6. Tembung sesulih (kata ganti).

Tembung sing dadi sesulih utawa gantine uwong. Conto : kowe, deweke.

7. Tembung ancer-ancer (kata depan).

Tembung sing dienggo nyambung tembung kriya karo panggonan.

Conto: ing, saka.

8. Tembung Panggandheng (kata sambung).

Tembung sing dienggo gandheng gagasan loro utawa luwih.

Conto : naliko, karo.

9. Tembung panyilah (kata sandang).

Tembung sing dienggo menehi sesilah utawa sandhangane tembung aran sing wis genah.

Conto: sang, si.

10. Tembung panguwuh (kata seru).

Tembung sing nerangake rasa pangrasa.

Conto: ah, oh, aduh
Tag : Kamus Jawa
Back To Top